Posted on Sabtu, 21 Juni 2014 SERAT TRIPAMA

SERAT TRIPAMA
(Anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV)

Yogyanira kang prajurit
lamun bisa samya anulada
kadya nguni caritane
andelanira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
aran Patih Suwanda
lalabuhanipun
kang ginelung tri prakara
guna kaya purunne kang denantepi
nuhoni trah utama

Lire lalabuhan tri prakawis
guna bisa saniskareng karya
binudi dadi unggule
kaya sayektinipun
duk bantu prang Manggada nagri
amboyong putri dhomas
katur ratunipun
purunne sampun tetela
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana

Wonten malih tuladan prayogi
satria gung nagari Ngalengka
sang Kumbakarna namane
tur iku warna diyu
suprandane nggayuh utami
duk awit prang Ngalengka
dennya darbe atur
mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
De mung mungsuh wanara

Kumbakarna kinen mangsah jurit
mring kang rak sira tan lenggana
nglungguhi kasatriyane
ing tekad datan purun
among cipta labih nagari
lan nolih yayahrena
myang luluhuripun
wus mukti aneng Ngalengka
mangke arsa rinusak ing bala kali
punagi mati ngrana

Yogya malih kinarya palupi
Suryaputra Narpati Ngawangga
lan Pandhawa tur kadange len yayah tunggil ibu
suwita mring Sri Kurupati
aneng nagri Ngastina
kinarya gul-agul
manggala goloning prang
Bratayuda ingadegken senapati
Ngalaga ing Korawa

Minungsuh kadange pribadi
aprang tandhing lan sang Danajaya
Sri Karna suka manahe
dene sira pikantuk
marga dennya arsa males-sih
ira sang Duryudana
marmanta kalangkung
dennya ngetog kasudiran
aprang rame Karna mati jinemparing
sumbaga wirotama

Katri mangka sudarsaneng Jawi
pantes lamun sagung pra prawira
amirita sakadare
ing lalabuhanipun
aja kongsi mbuwang palupi
manawa tibeng nistha
ina esthinipun
sanadyan tekading buta
tan prabeda budi panduming dumadi
marsudi ing kotaman   



Posting Komentar